Showing posts with label Bahasa Jawa. Show all posts
Showing posts with label Bahasa Jawa. Show all posts

Diskusi Dalam Bahasa Jawa

Posted by Rochim

DISKUSI
TEMA : AKIBAT SINETRON MARANG PELAJAR LAN REMAJA 

PENDAHULUAN
Akhir-akhir iki, ing saben-saben stasiun televisi pada disiarake film remaja. Utawi kang biasa disebut sinetron. Akehe sinetron kuwi, pada narik remaja zaman saiki kaya pelajar, ningali televisi sing nyiarake tinimbang nonton ludruk lan sak liyane.
Ing akeh-akehe sinetron seng disiarake kuwi, ngasta cerita utawi kedadeyan-kedadeyan ingkang ora nyata ing kahuripan, utawi digawe-gawe. Tuladhane ngasta cerita kisah asmara para remaja, kisah persahabatan lan sak liyane. Kemajuan, perkembangane lan moderenisasine sinetron didukung kalian kemajuan lan perkembangan saking IPTEK lan derese arus Globalisasi. Sing ndadekake bisa ngaruhaken tata krama ingkang kurang becik kangge remaja-remaja utawi pelajar-pelajar Indonesia.
Menawi, arus globalisasi kuwi ngasta perilaku lan tata kramane saking remaja barat lan artis-artis barat. Sinetron kuwi agawe remaja-remaja lan pelajar-pelajar zaman saiki dadi angan-angan kedadeyan kang sing sak temeni durung kedadeyan. Amarga iku, kita sedaya menehi gambaran saka perilakune akeh-akehe remaja lan pelajar secara umum sing dipunwakili kalian artikel kita sedaya.
PERMASALAHAN
Sak wise kita jelasaken topik sing bakalan kita bahas yaitu mengenai akibate sinetron marang para pelajar kaya kita-kita niki.
Permasalahan sing kita bahas yaiku :
  • Kaya punapa sinetron-sinetron sing tayang ing TV sak niki?
  • Kapan sinetron biasane tayang?
  • Apa sebabe sinetron disenengi remaja kaya pelajar?
  • Apa bae faktor-faktor sing mendukung perkembangane sinetron?
  • Apa akibat sinetron marang remaja kaya pelajar sing ningali?
  • Kepriye cara ngatasi pelajar sing demen ningali sinetron?
  • Apa bae sing bakal diupayake wong tuwa kangge mbatesi sinetron sing ditingali putrane?
PEMBAHASAN
Sampun kita rinci munapa mawon sing bakal kita bahas, sak niki kita bahas tentang masalah niku mau :
1) Sinetron sing tayang saben dinten biasanipun nyritakaken tema asmara sing ora pantes lan dereng wektune ditingali kaleh para remaja. Sinetron nampilaken adegan ingkang ora pantes ditiruake. Tuladhane : rangkul-rangkulan, cekelang tangan lan liyan-liyane. Sinetron saged dados para pelajar berkhayal.
2) Sinetron sing tayang saben dinten biasane tayang ing antarane wektu sore lan wengi. Sore lan bengi yaiku wektu sing digawe para pelajar kangge sinau sekolah amarga isuk sekolah. Berarti, kalau pelajar demen ningali sinetron, pelajar niku mboten nggadah wektu kangge sinau.
3) Sinetron disenengi pelajar amarga kathah-kathahipun pemain sinetron taseh remaja lan ceritanipun seru lan mlaku ing zaman sak niki ing zaman modern.
4) Faktor sing mendukung perkembangane sinetron biasane tekan majune IPTEK lan derese arus globalisasi. Tuladhane majune kamera sing kanggone mendhet gambar adegan.
5) Akibate sinetron kangge para pelajar yaiku :
- Biasane para remaja terutama pelajar niruake adegan sing dideleng marang sinetron.
- Para pelajar biasane dadi males kangge sinau.
- Tugas sekolah biasane ora dikerjaaken.
- Para pelajar pada seneng berkhayal, kepingin dadi kaya ing sinetron.
- Wicarane para pelajar niku niruaken wicara para pemain sinetron sing biasane kurang apik.
- Lan saiki padha usume gombalan.
6) Cara kangge ngatasi pelajar sing demen ningali sinetron yaiku :
- Perlune pengawasan saking wong tuwa.
- Kudu batasaken wektu ningali sinetron.
- Nambah kegiatan sing dadeaken wektu para remaja lebih bermanfaat tinimbang ningali sinetron.
- Kudu ngutamaken wektu kangge sinau.
7) Menurut kita sedaya, sing bakal diupayaken wong tua kangge mbatasi sinetron sing ditingali putranipun yaiku :
- Wong tuwa biasane nambahaken kegiatan marang putrane.
- Tuladhane : Nglebethaken putrane marang lembaga bimbingan belajar.
- Mbatasi wayah ningali sinetron biasane sedinten setunggal utawi kale jam kangge ningali sinetron.
- Nambahaken wayah belajar kangge putrane ing griya.
KESIMPULAN
Kesimpulan marang diskusi kita sedaya mengenai akibat sinetron marang pelajar lan remaja yaiku biasane para remaja terutama pelajar niruake adegan sing dideleng marang sinetron, para pelajar biasane dadi males kangge sinau, tugas sekolah biasane ora dikerjaaken, para pelajar pada seneng berkhayal, kepingin dadi kaya ing sinetron, wicarane para pelajar niku niruaken wicara para pemain sinetron sing biasane kurang apik, lan saiki padha usume gombalan. Lamun, hal niku mboten kedadeyan yen mboten wonten penyebab hal niku. Lan menurut kita sedaya penyebabe yaiku amarga majune IPTEK lan derese arus globalisasi. Kita bisa ngurangi utawi mboten kena marang akibat negatif sinetron yaitu dengan ngatur jam sinau lan ngisi waktu luang kangge hal sing bermanfaat lan wonten pengawasen saking wong tuwa.
More about → Diskusi Dalam Bahasa Jawa

PARIWORO BAHASA JAWA

Posted by Unknown



Contoh Pariworo Bahasa Jawa :
 
“Di, piye kabar mu?”
“Kabar ku ora sepiro apik kim!”
“Lha ana apa ta Di?”
“Piye ta kim leh arep ora susah, lha wong aku iki kepingin sepeda motor seng apik tur yo murah! Kabeh deler seng tak parani regane larang-larang kim“
“O….. kuwi to seng nggarai kowe susah”
“Iya kim. Lha sepedha mu kuwi tuku neng ngendi to kim? Kok rupane kowe nunggang sepedah anyar?”
“Lha iki seng arep tak kandakne kowe, kowe ngerti UD LARIS MOTOR po ora?”
“UD LARIS MOTOR?”
“Iyo”
“Wah aku tau krungu kim, tapi ora tau tak parani”
“Oalah Di-Adi”
“UD LARIS MOTOR kuwi nyediyani sepedha motor honda seng anyar, iso kredit lan tunai. Tur regane ora nemen-nemen larang Di”
“Lha panggone neng ngendi iku kim?”
“Alamat e ono ing dalan pungging mojosari, nek kowe minat arep tuku sepedha motor, iso budhal nang UD LARIS MOTOR karo aku sesok. Piye Di?”
“Ya wis kim, matur suwun yo!!”
“Ya Di, podho-podho”
More about → PARIWORO BAHASA JAWA

Desripsi, Persuasi lan Geguritan (Bahasa Jawa)

Posted by Unknown



Deskripsi
“Nandur Palawija”

Para among tani ing imdonesia saiki nindakake pamca usaha tani. Mungguh Knag diarani pancausaha tani munu awujud cara kanggo ngundakake asiling tetanen.

Cara mau awujude :
1.      Pango lahing lemah kudu becik.
2.      Bibit kang di tandur bibit unggul.
3.      Banyu kang cukup.
4.      Migunakake rabuk kandang lan rabuk’e gawean.
5.      Migunakake obat semprot kanggo mbrantas hama.

Tanduran palawija iku jenise warna – warna kayatu jagung, pohung, ketela, kacang ijo, kacang brol, lsm kedele. Penandure palawija mau lumrahe ana ing lemah tegalan. Ewo semono palawija iku uga kene tandur ana ing sawah tadha udan yen nuku mongso ketiga. Sawah tadah udan iku sawah kamg olehe banyu soko banyu udan. Mulo sawah tadga udan iku prayogane ditanduri pari yen ing mongso rendeng. Pene mangsa ketigo ditanduri palawija.

Pengupakarene palawija kudu becik lan ngati – ati, serta kudu manut paugeraning panca usaka tani kaya kasabut ing nduwur mau, supaya asile akeh. Carane ngecakake mangkene :

1.      Ing mangsa ketiga lemah kang arep ditanduri dipaculi disik, banjur disebari rabuk kandang tletong sapi, tletong kebo lan srintil wedos. Ugo ono kang disebari gegodhongan kauoto godhong trembesi, godhong  johar, ghodomg dhadhap lan sapanunggale.
2.      Yen wes tekan mongso labon yaiku amtarane mongso ketigo lan rendeng, wiwitane udan lemah dipaculi ,aneh supoyo empuk lan mawur terus diratakake.
3.      Sawise iku bibit keng wis dipilih ditandur kanti ditata kang becik.
4.      Yen wis podho tuku tanduran mau kudu tansah diupakara yen wis wayahe kudu didhongir lan ugo dirabuk gaweyan pabrik kayata : UREA, ZA, TS, lan sapanunggale kang matuk.
5.      Tanduran mau kudu disemprot kanggo obat guno mbrantas ama seng cocok supoyo ora gampang keno ama. Takerane kudu manut tatanan. Sabanjaran supoyo le,ah biso awet subur, jenising palawika kang ditandur aja ajeg.


Persuasi

“Ngedohi Tumindak Zalim”
Ing anyarane hadis – hadisgusti allah, ana sing isihe temen – temen kuduentuk prioritas digatekake lan diestokake denimg sopo wae sing kepingin nggayuh kabagyan jati. Hadist qusdi mau diriwayah take muslim saka abi Dzar al – Ghiffari, singwose ngandut limang perkara kaya ngatur ung ngusor iki :

1.      Nyekutoke gusti allah.
2.      Zalime manungso marang sesama.
3.      Zalime manungso marang dhuri pribadi,
4.      Apa wae terjemahane tembang zalim, pancen ana unsur sing dadi sebab sawijine tumindak karang zalim.
5.      Kanthi mengkono tumindak zalim iku maceme akeh banget. Ngancam wong iku zalim, ngerasani wong iku zalim, ngrusak kesehatan mawa tumindak sing ngluwihi watak yaiku zalim, korupsi iku zalim. Pumpung dorong, kita umat islam mesti wajib ngedohi zalim iku amargo bisa ngrusak ati, kesehatan lan mlebu nerokone gusti allah.

GEGURITAN

Jaman Saiki.
Kaaran jaman saiki
Sipating mudha lan mudhi
Srawunge saya adadi
Samya nilat ing pepali
Tan kadya jamah ing nyuni
Tansah nganggo tatakrami
Poma sira kaki nini
Becik sira ngudi ngelmi
Lan kawruh kang utami
Kinarya sangunureki
Ja sira nilar agami
Awit gesang sapuniki
Beda klawuh jaman nguni 
More about → Desripsi, Persuasi lan Geguritan (Bahasa Jawa)